Minggu, 04 April 2021

Kebone Lemu-Lemu




Isuk mau aku mlaku-mlaku karo Mas bojo sakjane yo ora mlaku-mlaku, wong sikilku nangkring ing duwur motor. Basa umume pancen mlaku-mlaku. Mula-mulane kur nganter laundry-an terus baline pingin nggolek enceng gondok ing sawah mburi perumahan. 


Ceritane aku lagi dadi korban YouTube. Korban sing bener. La wong dadi tambah ilmune.  Jare YouTube enceng gondok iso nggo pakan lele. Iki arep masang disik ing kolem lele ben akeh. Nek wis akeh, enceng gondok dipanen terus nggo pakan lele. Lelene bisa swapakan. Intine ben ngirit pelet ngono wae.  


Aku nurut ratan pinggir sawah boncengan motor kok ora nemu-nemu. Padahal mbiyen akeh banget enceng gondok kuwi. Nurut terus pinggir kali, nganti weruh blumbange uwong. “Pak, kulo bade nyuwun enceng gondok ten blumbang niku nggih?” Nembung wong sing cerak blumbang, njupuk, terus bali. 


Ndilalah baline weruh kebo lagi  nggaru sawah. Untung wae nggowo hp. Iseng-iseng jeprat-jepret iso nggo cerita nek aku bar melaku-melaku.


Sing tak gumuni kok kebone lemu-lemu. “Nek ora lemu tenagane ora ono kanggo nggaru sawah,” jare Mas Bojo. La iyo, wong niat nyambut gawe yo kudu tenanan. Kebone kon kerjo yo dipakani nganti lemu. 


Eh, kok aku kelingan kebiasaan wong nulis. Piye bisa nulis nek ora seneng moco. Ora nduwe wawasan, kurang modal. Aku nyindir awakku dewe iki. Gara-gara weruh kebo lemu, mugo-mugo bisa praktik nulis cepet, moco cepet. Koyo dawuhe Romo Dosen, Mr Emcho (Unesa Surabaya).


Purwokerto, 4 April 202

5 komentar:

  1. Wahhhh...kiye Mbokayuku wis miwiti ginaon nulis nganggo basa Jawa. Kesuwun banget, Yu ....
    Muga bakal imbuh greget tresnane maring basa kaki ninine dhewek, merga Basa Jawa Dialek Penginyongan, ya Budaya Agung sing prelu disengkuyung thukul kembange. Angger wis ora ana sing dhemen, ya sidane basa kuwe ilang tanpa derasa. Kesuwun, Yu.... Mageh dhimik-dhimik nlateni nukulna rasa dhemen maring basane dhewek. Nuwun. Kelilan.

    BalasHapus
  2. Wahhhh...kiye Mbokayuku wis miwiti ginaon nulis nganggo basa Jawa. Kesuwun banget, Yu ....
    Muga bakal imbuh greget tresnane maring basa kaki ninine dhewek, merga Basa Jawa Dialek Penginyongan, ya Budaya Agung sing prelu disengkuyung thukul kembange. Angger wis ora ana sing dhemen, ya sidane basa kuwe ilang tanpa derasa. Kesuwun, Yu.... Mageh dhimik-dhimik nlateni nukulna rasa dhemen maring basane dhewek. Nuwun. Kelilan.

    BalasHapus